Tuesday, December 24, 2019

Filled Under:

Syi’iran Istighfar dan Doa

Syi’iran Istighfar dan Doa

Ya Allah Gusti kita nyuwun saget gesang istiqomah
Ya Allah Gusti kita nyuwun mbenjang pejah khusnul hotimah
Ya Allah Gusti kita nyuwun pinaringan ilmu manfaat
Kangge ibadah lan tho’at nindaaken hukum syari’at
… Ya Allah Gusti kita nyuwun pinaringan panjang umur
Kangge ibadah lan syukur dunyo akhirat sageta makmur
Ya Allah Gusti kita nyuwun anak sholeh kang gelem ndungo
Manut syari’ate agama tuntunane wali sanga
Ya Allah Gusti kita nyuwun rizki agung halal barokah
Kangge jariyah shodaqoh kangge ziarah medinah mekkah
Ya Allah Gusti kita nyuwun dadi wong sugih kang gelem zakat
Ngedalaken bandha kanti mufakat ugi mbantu masyarakat
Ya Allah Gusti kita nyuwun ridho ikhlas sabar manah
Tentrem ayem tumakninah ngibadahe saget genah
Ya Allah Gusti kita nyuwun pinaringan bening ing fikir
Kangge maca qur’an lan dzikir nafsu setan sageta nyingkir
Ya Allah Gusti kita nyuwun saget khusyu’ nalika sholat
Awal wektu ampun telatndunya akhirat mundak kuwalat
Ya Allah Gusti kita nyuwun dadi anak kang ahli bekti
Bapak ibu ingkang ngrumati andidik mimpin kanti setiti
Ya Allah Gusti kita nyuwun saget netepi wajibe pasa
Syarat rukun saget ngreksa dadi sebabe pelebur dosa
Ya Allah Gusti kita nyuwun badan sehat wal afiat
Amal sholeh saget giyat lan ngedohi laku maksiyat
Ya Allah Gusti kita nyuwun enggal gampang haji lan umroh
Sangi thowaf lan mbalang jumroh dateng roudhoh saget ziaroh
Ya Allah Gusti kita nyuwun ampun ngantos kekirangan
Mugia cukup sandang pangan kangge sangu perjuangan
Ya Allah Gusti kita nyuwun slamet saking fitnah ancaman
Lahir batin sageta aman ngantos mbenjang akhir zaman
Ya Allah Gusti kita nyuwun mugia para anak lan putu
Ngamal sholeh tulung bantu saget guyub rukun bersatu
Ya Allah Gusti kita nyuwun “izzal islam wal muslimin
Ya Allah waahlikil kafarota wadz dzoolimin
Ya Alloh Gusti kita nyuwun Slamet mbenjang wonten ing kubur
Gusti Allah kang sifat Ghofur dosa kita kersaha nglebur
Ya Allah Gusti kita nyuwun slamet mbenjang dinten kiyamat
Klebet umat nabi muhammad nampi syafaat rohmat lan nikmat
Aamiin aamiin aamiin aamiin Ya Allah Robbal ‘aalamiin
Aamiin aamiin aamiin aamiin yaa mujiibassaailiin


0 komentar:

Copyright @ 2013 IKATAN KELUARGA BESAR HAJI ABU BIN HAJI RAIS.