Wednesday, July 10, 2019

Filled Under:

Khusnul Khotimah, Syi’iran Wali


Ayo sedulur sing sregep ngaji
Ngaji iku sangune mati
Wong mati iku banget larane
Sebab nyawane ilang saka awake
Wong urip ning donyo iku mung sesaat
monggo sing age agetaubat
Tobat saking sakabeh maksiyat
Mumpung durung teka wektune wafat
untung temen wong sing gelem sholat
Lan ngakeh-akehne maca sholawat
Sholawat maring nabi Muhammad
Sebab ngajeng-ajeng angsal syafaat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan gesang istiqomah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
mbejang pejah khusnul khotimah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan umur berkah
kangge ibadah kanti ta’at
Lan Nebihi laku maksiat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan rizki kathah
saget Kangge amal jariyah
Lan ziarah dateng mekah



0 komentar:

Copyright @ 2013 IKATAN KELUARGA BESAR HAJI ABU BIN HAJI RAIS.