Wednesday, July 10, 2019

Filled Under:

Maulid Nabi, Syi’iran Wali


wulan rabiul awal dinten kang mulyo
dinten agung wiosan junjungan kita
Gusti nabi kinarya panutan jalma
rawuhipun ngampil pepadhang lir surya
sapa wonge manut tindake jeng nabi
besuk mati bakal disyafaati
kabeh nabi ora bisa nyafaati
kejaba mung gusti kita kanjeng nabi
ngelinono besuk mati sing digowo
amal be
sik sing digaweono ndonyo
nomer siji sholat wajib kang sempurno
nomer loro laku becik mring sapadha
nomer telu anak sholeh sarta ta’at
paring warah marang ilmu kang manfaat
mesti dipun cathet dening malaikat
insyaAllah nggampangake nggone sekarat
Aduh gusti Allah kula nyuwun welas
Mugi kula kadadosno tiyang ta’at
kalebetno golongan umat muhammad
kaparingan syafaat rahmat lan nikmat



0 komentar:

Copyright @ 2013 IKATAN KELUARGA BESAR HAJI ABU BIN HAJI RAIS.